Jumat, 09 Desember 2011

GEGURITAN

                   Geguritan yakuwe iketane basa sing memper syair. Tembung geguritan asale sekang tembung gurita sing diowahi sekang tembung gerita. Linggane gita tegese tembang utawa syair. Geguritan kuwe uga bisa kasebut puisi bebas, sing klebu salah siji asile kabudayan Jawa modern sing duwe ciri ora kaiket ing wewatonan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu kaya dene tembang Macapat.
                   Nganggit (ngarang) geguritan kuwe bisa wujud ngandharake (nyritakaken) pengalaman pribadi utawa gegambaran kahanan sing nemu neng masyarakat, utawa uripe manungsa neng alam donya manut jaman kelakone. 

Titikane (ciri-ciri) geguritan yakuwe :
1.  Tembung-tembunge pilihan lan mentes (tembung sing konotatif)
     Tembung-tembung sing ana neng geguritan nduweni teges sing ora sebenere
2.  Duwe lelewaning basa (permajasan)
Neng geguritan kudu ana lelewaning basa sing gunane kanggo ngasilaken basa sing endah
3.  Duwe purwakanthi swara (rima)
Neng geguritan kudu ana purwakanthi swara sing gunane kanggo ngasilaken swara sing endah
4.  Duwe judul, isi, amanat, lan tema
     Geguritan kudu nduweni judul, isi, amanat, lan tema

Maca geguritan iku meh padha karo maca puisi utawa deklamasi. Sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :

1.  Wirama : munggah mudhune (membat mentule) swara, pocapan (irama lan lafal)
2.  Wirasa : penghayatan, ngrasakake isine geguritan
3.  Wiraga : ekspresi, patrap/sikap, obahing awak lan pasemon (rai)

Tuladha geguritan

Esemmu

Esemmu sing pait madu
Gawe gumetere atiku
Muga-muga sliramu kelingan
Nalika nyimpen esem
Ing pojok lathi
Embuh aku ora ngerti
Rasane atiku siki
Pancen esemmu nguripna atiku sing mati